LOVE

I LOVE YOU JUST THE WAY YOU ARE

Minggu, 13 Januari 2013

sesorah Dinten Kartini



Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan MA Muh Kudus ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu saha karyawan MA Muh Kudus  saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu  saha karyawan MA Muh Kudus sahakanca-kanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumancep saha  ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten menika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.
Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih, saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar